07 October 2009

ZAMAN KOLOBENDU

ZAMAN KOLOBENDU
Melihat kondisi saat ini saya teringat beberapa tahun yang lalau, tepatnya saat SBY menjadi presiden untuk periode pertama. Gempa, tsunami kecelakaan menyambut pemimpin baru kita saat itu. Sekarang ini kejadian sepertinnya berulang.


Tetapi pda kesempatan ini saya bukannya pengin mengungkit masalah atau hubungan SBY dengan bencana bencana itu, tetapi saya pengin kita melihat lebih ke belakang lagi saat seorang yang terkenal dari tanah jawa pernah meramalkan kondisi bumi Nusantara. RONGGO WARSITO, berikut kutipannya:

Menurut Ronggo Warsito saat ini kita berada di zaman KOLOBENDU. Apa itu?
Lindu ping pitu sedino, Lemah bengkah, Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara, Pagebluk rupo-rupo, Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati Zaman kalabendu iku wiwit yen, Wis ana kreto mlaku tampo jaran, (KERETA API, MOBIL) Tanah jawa kalungan wesi,(REL KERETA API MELINGKARI PULAU JAWA DARI BARAT SAMAPI UJUNG TIMUR) Prau mlaku ing nduwur awang-awang (PESAWAT TERBANG), Kali ilang kedunge, Pasar ilang kumandange, Wong nemoni wolak-walik ing zaman, Jaran doyan sambel, Wong wadon menganggo lanang Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya, nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya. Mulane akeh bapak lali anak, Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak, Sedulur pada cidro cinidro, Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane, Akeh wong lanang ora duwe bojo, Akeh wong, wadon ora setia karo bojone, Akeh ibu pada ngedol anake, Akeh wong wadon ngedol awakke, Akeh wong ijol bojo, Akeh udan salah mongso, Akeh prawan tuwo, Akeh rondo ngalairake anak, Akeh jabang bayi nggoleki bapake, Wong wadon ngalamar wong lanang, Wong lanang ngasorake, drajate dewe, Akeh bocah kowar, Rondo murah regane, Rondo ajine mung sak sen loro, Prawan rong sen loro, Dudo pincang payu sangang wong Zamane zaman edan Wong wadon nunggang jaran, Wong lanang lungguh plengki, Wong bener tenger-tenger, Wong salah bungah-bungah, Wong apik ditapik-tampik, Wong bejat munggah pangkat, Akeh ndandhang diunekake kuntul, Wong salah dianggap bener, Wong lugu kebelenggu, Wong mulyo dikunjara, Sing culika mulya, sing jujur kojur, Para laku dagang akeh sing keplanggrang, Wong main akeh sing ndadi, Linak lijo linggo lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali konco, Duwit lan kringet mug dadi wolak-walik kertu, Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak, Ning mulih main kantonge kempes, Krungu bojo lan anak nangis ora di rewes

Pada akhir tulisannya Ronggowarsito menuliskan :
Abote koyo ngopo sa bisa-bisane aja nganti wong kelut,keliring zaman kalabendu iku. Amargo zaman iku bakal sirno lan gantine joiku zaman ratu adil, zaman kamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak ing zaman Entenana zamanne kamulyan zamaning ratu adil

Nah sekarang tergantung kita bagaimana menafsirkannya. ….. lilik

No comments: